Kebudayaan Jawa yaiku kebudayaan kang dianut masyarakat Jawa, kang ngutamakna keseimbangan, keselarasan, lan keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu harmonis, saling berdampingan, intine kabeh kudu cocog.
Harmoni
Bab-bab kang marakna ora cocog kudu dihindari, manawa ana kang bisa ngganggu keseimbangan kuwi kudu cepet digenahna ben kabeh mbalik harmoni maning, mbalik cocog maning.
Umum kang cokan ngganggu keseimbangan kuwe yakuwe polah menungsane, mbuh polah menungsa karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo alam, kang nggenahna maning umume dipimpin utawa dadi tanggungjawab pimpinan masyarakat.
Sing angel nang kebudayaan Jawa yakuwe angger keseimbangan kuwi diganggu polah menungsa karo menungsa sing umum nimbulna konflik (harmoni keganggu). Sing jenenge ora cocog utawa ora seneng tuli umum ning merga arep ngindari konflik, umume rasa ora cocog kuwe dipendem.
Kelas Sosial
Tingkatan Sosial Basa Jawa
Kejawen
Kejawen yakuwe kepercayaan sing urip nang suku Jawa. Kejawen kiye dasare sekang kepercayaan Animisme sing dipengaruih ajaran Hindukaro Budha. Mulane suku Jawa umum dianggep sebagai suku sing duwe kemampuan nglakoni sinkretisme kepercayaan, kabeh budaya liye diserap lan ditafsirna miturut nilai-nilai Jawa.
perttamax..nice blog... http://edutech-life.blogspot.com
BalasHapus